Bima

Bima

22 Agustus, 2021

Jopo Montro Agar Jadi Keluarga Sakinah

 

Jopo Montro Agar Jadi Keluarga Sakinah

Saya di nasehati si mbah, jika ingin menjadi keluarganya Sakinah maka harus di amalkan Japa mantera ini :

Ngaceng mengkeret

Mlebu metu

Mlumah mengkureb

Merem melek

Manthuk-manthuk

 

Seketika saya tertawa terbahak². Niku estu nopo guyon Mbah.

Jawab Simbah, " Iki bener Le. Ora ngapusi. Ngandel ora ngandel amalno wae. Insya Allah keluargamu dadi Sakinah. "

" Tapi kudu ngerti maksude kang sak benere. “

" Nopo niku Mbah, " tanyaku.

" Ngene Lee..

Kang dimaksud Ngaceng Mengkeret iku, naliko bojomu kenceng alias nesu, emosi, marah². Monggo kowe kudu mengkeret, alias kendo, ojo dilayani kanthi nesu. "

" Oh. Ngoten to Mbah. Tiwas pikiran kulo ngeress. "

Lanjut Simbah, " Lah sing dimaksud Mlebu Metu iku, antarane awakmu lan bojomu kudu saling memberi masukan dan menerima masukan. Saling menasehati. Wa tawashou bil haqqi wa tawashou bis shobri. "

Oo ngono ta

" Lajeng ingkang dipun maksud Mlumah Mengkurep ? " Tanyaku dengan kepo.

" Mlumah iku katon ngarepe. Mengkurep iku katon mburine. Maksude, antarane suami istri iku kudu saling terbuka. Gak oleh ono sing ditutup²i. Gak keno ono sing diumpetake. Gak oleh ono kebohongan dan dusta diantara keduanya. Baik itu soal komunikasi, pergaulan sosial, ekonomi maupun lainnya, harus saling jujur. Kebohongan merupakan residu penghancur hubungan. "

Kudu bloko suto...

“ Trus, Merem Melek artosipun menopo Mbah…? "

" Nah, Merem maksudnya kita harus menutup kekurangan dan aibnya bojo. Jangan sekali² kekurangan diungkit² apalagi diceritakan kepada orang lain. Cukup berdua saja yang tahu. “

Melek artinya kita harus mengakui, mengapresiasi kebaikan dan jasa bojo. Lumrahe menungso, gara² kesalahan sepisan iso ngilangno kebaikan sing luwih akeh. Gara² kekurangan sithik, iso ngilangi kelebihan sing luwih akeh. Umpamane, bojoku sedino iki nesu. Ora opo². Lagi sedino, padahal wis lawase sewulan, piyambake apik sabar gak nesu. Ngono lho Lee. "

" Ingkang terakhir Mbah, kok Manthuk-Manthuk ? "

" Manthuk-Manthuk, iku tondo bahagia, tentrem, rukun lan harmonis ( sakinah ).  Mulo yo lee,  nek iso ngamalke sing papat mau, keluargamu bakal dadi ( sakinah )."

" Oh. Ngoten nggih Mbah. Matur nuwun nasehatipun Mbah. "

Mugo² dadi manfaat kanggo kabeh sedulur anak putuku, sesok mugo lancar rejeki-ne tak dungakno

بارك الله لك وبارك عليكما وجمع بينكما فى الخير

Sugeng adem ayem suasananya, mugi sami rahayu wilujeng lir ing sambikolo...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ilmu Meraih Hajat Mendesak